7. Tuwok rawan.
Artinya: Untune krowok, rasane ora karuan.
8. Wit Dhuyung.
Artinya: Yen dijiwit aduh biyung.
9. Surles penen.
Artinya: Susur teles pepenen.
10. Pindhang kileng.
Artinya: Sapi neng kendhang, kaki mentheleng.
11. Pindhang kutut
Artinya: Sapi mblandang lukune katut.
12. Yumaherong.
Artinya: Yuyu omahe ngerong.
13. Lutmahendut.
Artinya: Welut omahe lendut.
14. Pak lawa.
Artinya: Tepak ula dawa.
15. Manuk biru.
Artinya: Pamane punuk bibine kuru.
16. Kicak ketan.
Artinya: Kaki macak iket-iketan.
17. Gerbong tulis.
Artinya: Pager kobong watune mendhelis.
18. Buta buri.
Artinya: Tebu ditata mlebu lori.
19. Wiwa wite, lesbo.
Artinya: Uwi dawa wite, tales amba godhonge.
20. Ana manuk ndhase telu.
Artinya: Ana manuk ndase kebuntel wulu.
21. Ling cik tu tu ling ling yu.
Artinya: maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu.
22. Pak bomba, pak lawa, pak piyu.
Artinya: Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak pitik ciyut.
23. Bot ginowo entheng, theng.
Artinya: Klobot ginawa entheng, gentheng ginawa abot.
24. Itik pertis ibu perbeng ijah perlong.
Artinya: Tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah memper golong.
Sumber:
surakarta.go.id, sonora.id, adjar.grid.id
Simak breaking news dan berita pilihan kami langsung di ponselmu. Pilih saluran andalanmu akses berita Kompas.com WhatsApp Channel : https://www.whatsapp.com/channel/0029VaFPbedBPzjZrk13HO3D. Pastikan kamu sudah install aplikasi WhatsApp ya.